

- Yen miturut WIKIPEDIA, Propolis iku resin utawa damar utawa ancur utawa blendog kang dikumpulaké dening tawon saka pepucuking witwitan terus diramu nganggo cairan saka wetengé tawon kang utamané kanggo nambal bolongan ômah tawon. Ning yèn ditaliti luwih komplit, gunané propolis tumraping tawon iku ana limang perkoro:
kanggo nambal omah tawon ben pengkuh lan kuat - kanggo ngurangi obah-mosiking omah amargo angin lan liya-liyane
- kanggo gawé omah tawon luwih aman sarana nambal utawa nutup bolongan-bolongan omah tawon koyo déné "klèp"
- nyegah omo lan penyakit mlebu nang ômah tawon
- nyegah barang-barang bosok njerô ômah. Tawon madu biasané resikan uripé. Yèén ono bathang tawon umpamané, terus digawa metu. Ning yén sing mati nang njerô ômah tawon iku kéwan-kéwan kang luwih gedhé koyo to kadal, cecak, tikus, ula cilik lan sak pituruté, tawon-tawon mau ora bisa nggowo metu soko ômahé. Mula bebathang iku banjur ditutup nganggo propolis nganti dadi garing ning ôra bosok, kaya déné MUMMY. Bathang kéwan kang wis ditutup nganggo propolis mau sak liyané dadi garing uga ora mambu.. sebab bakteri pembusuk utawa jamur-jamur ora bisa urip yen ono propolis.
Kanthi mangkono, Omah Tawon iku bisa-bisa luwih déning resik kabandhing kamar bedah ing rumah-sakit modern. Rinkesé, Propolis kuwi duwé daya guna dadi antibiotik kang khasiaté ngédab-édabi. Bisa gawé bathang dadi MUMMY jé...
Iku mau yèn kanggo uripé poro tawon madu. Yèn kanggoné manungso, koyo kang wis didhawuaké déning Gusti Allah, syaraabun iku duwé daya kanggo kewarasné manungso. Ing ayat iku ora disebut lho ngenani leloro-né opo, ning ngemu sindhiran yèn kang koyo ngono mau dadi tondho yekti kaluhuraning Gusti. Mosok awak-awak kang manungso iki isih ragu-ragu lan maido marang khasiaté Propolis? Opo ora kuwalat...:-)
Mulo kanggo Panjenengan kabèh kang lagi nandhang sesakit opo waé, monggo dak aturi nyôbo Propolis. Propolis biso dipundhut sarana kirim e-mail, kirim FAX utawa SMS. Formulir pesenan bisa panjenengan undhuh ing warung online-ku.
Regane ora larang kok:
- Pakèt tukon sepisanan Rp 3,150,000
- tetukon sak banjuré Rp 550,000 saben pakèt
Saben pakèt Propolis isine 4 botol. Sak botol (55 ml) bisa diunjuk dhewekan kanggo 700 dino. Horo cobo, murah to? Sedina mung ngetokaké sethithik, kamongko khasiaté jian ngédab-édabi tenan. Bisa kanggo:
- Suplemen kesehatan. Jalaran Propolis iku ngandhung kabèh vitamin kajaba vitamin K, kabeh jinising mineral kajobo Sulfur (S), ngandung 16 jinis asam amino lan ngandung bioflavonoids (antibiotik lan antioksidan alami kuat) kang pengajiné saben tètès podho karo bioflavonoid kang dikandhut jroning 500 woh jeruk.
- Tetombo:
- Sepisan pinongko anti bakteri, anti jamur lan anti virus, propolis keno kanggo tetombo: flu, demam berdarah, polio, diare, thypus, keputihan, eksim, panu, kadas, kurap, lan isih akeh jinising lelara jalaran inveksi virus, bakteri utawa jamur.
- Propolis uga bisa kanggo tombo abuh utawa peradangan, koyo to: maag, radang usus, radang tenggorokan, pegel-pegel, rematik, gangguan ginjel, wasir, lara untu, lan tetatu.
- Propolis bisa kanggô anti alergi
- Propolis uga bisa kanggô anti kanker, tumor, mium, chyste, lan lelara amarga gangguan sel liyané
- Propolis kena kanggô tombo lelara jalaran gangguan peredaran darah lan sistem kelenjar, koyo to: asam urat, kolesterol, trigliserin, diabetes, stroke, jantung, ginjal, liver, pancreas lan liya-liyane kalebu bisul lan wudun...:-)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar