Senin, 14 Juli 2008

Ès 2501 Jeruk + Gulo Jowo

Poro rawuh kabèh kang kinurmatan.


Iki aku mentas wae moco ing salah sijiné tulisan ngenani PROPOLIS, sing nerangaké manowo PROPOLIS iku ngandhut zat kang jenengé BIOFLAVONOIDS, utowo FLAVANOIDS ngônô, yèn kelompok umumé.

Lha sing nang nggon jeruk iku koyo mangkéné katerangané:
Citrus: Grapefruit, a type of Citrus

The citrus bioflavonoids include hesperidin (a glycoside of the flavanone hesperetin), quercitrin, rutin (two glycosides of the flavonol quercetin), and the flavone tangeritin. In addition to possessing antioxidant activity and an ability to increase intracellular levels of vitamin C, rutin and hesperidin exert beneficial effects on capillary permeability and blood flow. They also exhibit some of the anti-allergy and anti-inflammatory benefits of quercetin. Quercetin can also inhibit reverse transcriptase, part of the replication process of retroviruses.[13] The therapeutical relevance of this inhibition has not been established. Hydroxyethylrutosides (HER) have been used in the treatment of capillary permeability, easy bruising, hemorrhoids, and varicose veins.

Lha ono manèh kang nyebutaké manowo PROPOLIS iku ngandhut BIOFLAVONOIDS saben tètès (0.5 ml) akèhé podho karô 500 woh jeruk. Walah, nèk ngônô aluwung ngômbé PROPOLIS waé. Ning yèn PROPOLIS-é ditèsaké nang ès jeruk ngônô harak luwih énak yo? Opo manèh gulané nganggô gulo jowo... waah.... suagerrrr.... koyo sing nang gambar ndhuwur kuwi lho, Ès 2501 Jeruk... ha ha ha ha... amargo tak tambahi 5 tètès PROPOLIS...
Nah monggo lhô dicôbo. Mundhut waé PROPOLIS-é nang WARUNG BIYANG PROPOLIS... Murah kok sepakèt mung Rp 580,000 (regané Rp 550,000 oleh 7 botol @ 6 ml + Rp 30,000 kanggô daftar dadi anggôta network marketing PT MNI.). Côbo nèk diregani nganggô woh jeruk, rak ateges = 7 x 120 x 500 woh jeruk = 420,000 jeruk. Nèk sekilo jeruk iku ono rata-rata 10 iji, ngônô rak wis oleh BIOFLAVONOIDS utowo VITAMIN P sing dikandhung nang njeroné 42 TON jeruk....:-).

Nuwun, dak tunggu yo pesenané.

Rabu, 09 Juli 2008

MLM Bathon... Isoh waé

Poro sedulurku kabèh mliginé kang mapan ing Tanah Jowo lan sakindhenging Nuswantoro, ing kéné aku kepéngin mbyowaraaké kalodhangan bisnis kang pametuné lumayan. Sak liyané iku bisnis iki keno kanggo awèh pitulung tumraping sanak kadang kito kabèh kang merlokaké pambiyantu kanggo uwal soko perkoro finansial.
Bisnis iki pancèn MLM (multi level marketing) hananging bedo karo MLM liyané. Côbo panjenengan priksani ing gambar iku, "Potensi MLM PT MNI yang Luar Biasa". Kenangopo dak sebut luar-biasa? Sebab MLM PT MNI iki modhèlé Binary, saben anggota mung duwé frontline 2. Dadi yèn wis jangkep duwé frontline 2 banjur ôleh manèh, kudu dipapanaké ing downline kang isih durung duwé frontline utowo durung jangkep 2 frontline-né. Nah model ngéné iki biso diakali kanggô bebathonan (patungan) naliko daftar dadi anggôta. Ôra mung kuwi, kanggô ngembangaké jaringan ugo biso bebarengan. Nah, aku gawé model bathonan koyo ing gambar-gambar sak banjuré. Pun monggo sing kerso gabung luwih dhisik banjur gawé kelompok-kelompok kanggô bathon marang wong-wong kang kurang mampu ning kepingin uwal soko masalah keuangan lan kesehatan.

Monggo yen kepengin mudhut PROPOLIS utawa BIYANG SPRAY (utowo lôrô-lôrôné pisan). Dinudhuh waé formulir pendaftarané ing http://www.propbiyang.net/daftar.html terus transfer dhuwité ing BCA 682 024 2554 utowo MANDIRI 133 000 495 7270 utowo BNI 0219 101 897. Produk lan uborampé anggôta bakal dak kirim liwat TIKI JNE.


Urunan antarane abang-biru-ijô Rp 200,000. Kanggô ndaftar kanthi dilotré. (sing menag ABANG)

Dodolan bebarengan nganti PROPOLIS entèk 7 botol, kasilé kanggô daftar BIRU

Dodolan manèh nganti entèk kanggo ndaftar IJÔ.

Akiré dodolan sing pungkasan kanggo ndaftar wong-wong kang cedhak ambek Abang, Biru utowo Ijô.










Sugeng Makaryo... nganti ketemu Ing Bogor.....

Senin, 07 Juli 2008

Melia Propolis #2

Carane Ngunjuk Propolis ben enak


Kapan kae aku mangan nang njobo. Mangan bareng nang warung Pecel Madiun Sekaralus - Laladon. Jian huenak tenan. Opo maneh dawet campure sing onok bubur sumsum ambek jenang ketan ireng... wisss seger tenan.

Ning gandheng ya wong sing senengane iseng. Es dawet campur sakdurunge tak ombe tak tetesi dhisik Propolis 3 tetes... diudhak... eee ora ono owah-owahan kang ketok. Malah bareng tak sruput... weleh, aroma koyo yen ngombe madu malah muncul...
Akhire dumadilah Es Dawet Campur Propolis. Wah nemu cara kanggo ngonsumsi Propolis tetep enak ning isih antuk khasiate.

Lha dhek wingi balik maneh aku mangan nang warung SEKARALUS iku. Dudu pecel sing tak pesen ning sego rawon. Weleh-weleh, bareng ditakoni, "Ngunjuke napa Pak?" ngono yo mak cul ngono wae "Jus Tomat". Kluthek-kluthek-kluthek tumuli mak jueeerrrrrr ngono mratandhani blender tomat tumandang. Ora suwe, Jus Tomat sumadia.
Lha balik maneh ndregilku kumat. Jus Tomat tak tetesi Propolis 3 tetes... terus tak udhak.. terus disruput.. wah, aroma semu madu timbul maneh nang es jus tomat iku. Nah, entuk cara maneh kanggo ngonsumsi Propolis nganggo Es Juice Tomat.. he he he he.. dadi menu anyar Es JusT0mPro...

Mula para kadang, monggo lho yen kepengin nyobak. Monggo dak aturi mundhut propolis dhisik nang warung vierual ku iki. Formulir pemesanan bisa diundhuh ing www.propbiyang.net/daftar.html. Regane? Ora larang. Paket pertama mik Rp 3,150,000 panjenengan langsung dadi member MLM PT MSS kang seumur hidup lan diwarisake. Koyo Bapa Mertuaku kang seda tahun kepungkur (12 September 2007) eee saiki isih biso nampa bonus saka PT MSS...

Lha yen wis dadi member yen panjenengan mundhut maneh, regane mik Rp 3,025,000 sepaket. Sak paket isine 4 botol @ 55 ml. Kena kanggo udakara 700 dina. Dadi ya muraaaah banget ta ya?

=mundut saiki=



Minggu, 06 Juli 2008

Melia Propolis #1

Sinebut ono jrôning kitab suci al-Qur'an surat an-Nahl ayat 68 lan 69: "Lan Gustimu wus paring dhawuh marang tawon-madu: 'Siro kabèh gawéo susuh (ômah) ing gunung-gunung lan wit-witan lan ono ing opo-opo kang ginawé dening manungso pinongko payon, banjur siro kabèh podho memangano sak kèhing woh-wohan, lan lakonono dharmaning uripmu koyo kang wus Ingsun dhawuhake kanthi temen'. Bakal metu saka wetengé tawon-tawon madu iku syaraabun (seseger - beverages) kang manéko warno lan ing kono ana kang dadi sarono kasarasan tumraping manungso. Sak temené kang koyo mangkéné iki dadi tondho yekti tumraping wong-wong kang podho mikir." (QS 22:68,69)
Koyo mangkônô kiro-kiro dhawuh dalem Gusti Kang Moho Wikan ngenani tawon madu lan pigunané kanggô manungso. Utamané opo kang sinebut syaraabun iku. In kamus Arab - Inggris, syaraabun iku terjemahané beverages (Indonesia: penyegar) dudu madu. Yén madu iku boso Arabé 'asalun. Mulo opo memper yèn Gusti Allah kok gawé bingungé manungso? Wis mesthi yèn syaraabun iku dudu madu. Émané akèh para penterjemah nyebut yèn barang wutah (cairan) kang metu saka weteng tawon-madu iku madu. Kamangka madu tawon iku ora ndadak mlebu weteng terus diwetokaké manèh, ning tawon-tawon mung ngumpulaké nectar saka kekembangan opo waé, digowo mulih terus ditandhô jrôning ômah kanggo panganane ratu lan tawon-tawon liyane kalebu anak-anak tawon.

  1. Yen miturut WIKIPEDIA, Propolis iku resin utawa damar utawa ancur utawa blendog kang dikumpulaké dening tawon saka pepucuking witwitan terus diramu nganggo cairan saka wetengé tawon kang utamané kanggo nambal bolongan ômah tawon. Ning yèn ditaliti luwih komplit, gunané propolis tumraping tawon iku ana limang perkoro:
    kanggo nambal omah tawon ben pengkuh lan kuat
  2. kanggo ngurangi obah-mosiking omah amargo angin lan liya-liyane
  3. kanggo gawé omah tawon luwih aman sarana nambal utawa nutup bolongan-bolongan omah tawon koyo déné "klèp"
  4. nyegah omo lan penyakit mlebu nang ômah tawon
  5. nyegah barang-barang bosok njerô ômah. Tawon madu biasané resikan uripé. Yèén ono bathang tawon umpamané, terus digawa metu. Ning yén sing mati nang njerô ômah tawon iku kéwan-kéwan kang luwih gedhé koyo to kadal, cecak, tikus, ula cilik lan sak pituruté, tawon-tawon mau ora bisa nggowo metu soko ômahé. Mula bebathang iku banjur ditutup nganggo propolis nganti dadi garing ning ôra bosok, kaya déné MUMMY. Bathang kéwan kang wis ditutup nganggo propolis mau sak liyané dadi garing uga ora mambu.. sebab bakteri pembusuk utawa jamur-jamur ora bisa urip yen ono propolis.
    Kanthi mangkono, Omah Tawon iku bisa-bisa luwih déning resik kabandhing kamar bedah ing rumah-sakit modern. Rinkesé, Propolis kuwi duwé daya guna dadi antibiotik kang khasiaté ngédab-édabi. Bisa gawé bathang dadi MUMMY jé...

    Iku mau yèn kanggo uripé poro tawon madu. Yèn kanggoné manungso, koyo kang wis didhawuaké déning Gusti Allah, syaraabun iku duwé daya kanggo kewarasné manungso. Ing ayat iku ora disebut lho ngenani leloro-né opo, ning ngemu sindhiran yèn kang koyo ngono mau dadi tondho yekti kaluhuraning Gusti. Mosok awak-awak kang manungso iki isih ragu-ragu lan maido marang khasiaté Propolis? Opo ora kuwalat...:-)

    Mulo kanggo Panjenengan kabèh kang lagi nandhang sesakit opo waé, monggo dak aturi nyôbo Propolis. Propolis biso dipundhut sarana kirim e-mail, kirim FAX utawa SMS. Formulir pesenan bisa panjenengan undhuh ing warung online-ku.

    Regane ora larang kok:
  1. Pakèt tukon sepisanan Rp 3,150,000
  2. tetukon sak banjuré Rp 550,000 saben pakèt
Saben pakèt Propolis isine 4 botol. Sak botol (55 ml) bisa diunjuk dhewekan kanggo 700 dino. Horo cobo, murah to? Sedina mung ngetokaké sethithik, kamongko khasiaté jian ngédab-édabi tenan. Bisa kanggo:
  1. Suplemen kesehatan. Jalaran Propolis iku ngandhung kabèh vitamin kajaba vitamin K, kabeh jinising mineral kajobo Sulfur (S), ngandung 16 jinis asam amino lan ngandung bioflavonoids (antibiotik lan antioksidan alami kuat) kang pengajiné saben tètès podho karo bioflavonoid kang dikandhut jroning 500 woh jeruk.
  2. Tetombo:
  • Sepisan pinongko anti bakteri, anti jamur lan anti virus, propolis keno kanggo tetombo: flu, demam berdarah, polio, diare, thypus, keputihan, eksim, panu, kadas, kurap, lan isih akeh jinising lelara jalaran inveksi virus, bakteri utawa jamur.
  • Propolis uga bisa kanggo tombo abuh utawa peradangan, koyo to: maag, radang usus, radang tenggorokan, pegel-pegel, rematik, gangguan ginjel, wasir, lara untu, lan tetatu.
  • Propolis bisa kanggô anti alergi
  • Propolis uga bisa kanggô anti kanker, tumor, mium, chyste, lan lelara amarga gangguan sel liyané
  • Propolis kena kanggô tombo lelara jalaran gangguan peredaran darah lan sistem kelenjar, koyo to: asam urat, kolesterol, trigliserin, diabetes, stroke, jantung, ginjal, liver, pancreas lan liya-liyane kalebu bisul lan wudun...:-)
=mundhut saiki=


Sabtu, 05 Juli 2008

Ngenalaké Warung Suplemen Modern

Para sedulur kang wus rawuh ing blog Warungé Mbah Soel iki, perlu dak aturi uninga, yen ta warungku iki jan-jane ya mung warung biasa. Ning sing didol mik suplemen werna loro, 1) Melia Propolis lan 2) Melia Biyang.

Warungku maune mapan ing Dramaga (ning umume disebut Darmaga) Bogor. Saiki mapan ing Jl. Johar I Blok C2 Np. 23 Taman Pagelaran, Ciomas Bogor 16610, Telepon: +0251-8420879, e-mail mssdramaga@yahoo.com.

Ora mik ngono. Mundhut Propolis Biyang nang warungku bisa sarana internet (kirim e-mail), sarana SMS. Pokok angger jelas alamate tur wis transfer duwit, wis tak kirim to wis.

Mangga, ditunggu lho pesenane.... japri wae nang mssdramaga@yahoo.com...


nuwun